Senin, 05 Maret 2012

Infotegal

Bedane Tahu Aci, Tahu Pletok, dan Tahu Upil



Tegal memang “Laka-laka”, seliyane unik wonge, selain ghue juga kebek garo kuliner sing mungkin ora ditemukna nang tempat liya. Salah sijine Tahu Aci. Ya, kuliner ghie digawe nggunakna tahu kuning garo adonan aci (tepung kanji). tapi saiki dewek ora mbahas sing detail ngenai Tahu Aci.soale dewek pan mbahas ngenai bedane antara Tahu AciTahu Pletok, garo Tahu Upil. Yuk disimak. :)

1. Tahu Aci


Tahu Aci
Tahu ghie digawe nggunakna tahu kuning persegi sing dibelah loro dadine mbentuk 2 segitiga siku-siku. Bagian sing dibelah kue diwain adonan tepung kanji, bumbu, garo kocai. Rasane aja ditakon maning. sing luwih misale disajikna panas-panas garo cabai rawit.
Tahu sing digunakna adalah tahu garo teknik penggorenganne sing khusus. dadine
mbuat aci-ne “mumpluk” atao merekah.
nang pirang-pirang  tempat, ana sing nyebutna tahu aci sebagai  tahu tegal atao tahu kuping.

2. Tahu Pletok.


Tahu Pletok
Tahu Pletok adalah Tahu Aci sing dibelah-belah maning (tapi potongan tahune ora sampai ucul), ditambahna secuwil adonan aci, garo digoreng maning.
Rasane jugal uwih nikmat.

3. Tahu Upil


Tahu Upil
Beda garo tahu Aci trus Tahu Pletok. Tahu Upil ghie adalah Tahu Aci tapi komposisi tahune luwih secuwil dari pada acine. biasane tahu anane kulite tok. Makane disebut Tahu Upil.
Upil, Sa’upil njero istilah Bahasa Tegal artine juga secuwil nemen.
Tahu Upil biasane ditemukna nang Pasar Malem trus penjuale biasane jongkok njero nggelar dagangane.
PIMEN? tertarik pan nyoba?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar